Senin, 19 Maret 2018

Isih Ing Kene

Isih ing kene aku, Nimas
Nata geguritan mbaka salembar
Karo ngranti puputing lintang
Sapa ngerti sesuk esuk
Ana bun ing godhong kembang
Dadi mutiara, bisa mungkasi utang

Isih ing kene aku, Nimas
Ya kaya wingi kae
Ngripta crita ngudang tembang
Kadhang dolanan cangkriman
Gegojegan ing pengangen
Mbok menawa ana dewa
Nganglang jagat gawa bokor kencana
Ngedumake proyek, kena
Gawe ragat bocah bocah
Ajar geguritan

Isih ing kene aku, Nimas
Metuku ora adoh
Paling tuku dluwang
Kanggo nyathet rerakitane tembung
Ya, kaya adat saben
Ngeling eling wangsalan
Kanggo ngrumat cangkriman
Sinambi ngracik geguritan
Arep kepiye, Nimas
Wong nyatane langit wus ora ngrumat sekabehane
Lintang lan mbulan wae
Wus lali, apa batangane
Priyagung Anjani Putra
Utawa wilangan loro sanga

Aku ora ngalih papan, Nimas
Nata gender saron
Lan mepe gambang
Kang gapuk dipangan rayape zaman

Welingku marang sliramu
Umpama bali mbesok
Aku gawekna tembang kinanthi
Kanggo nambani kapange ati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar