kelakon dak dudut kekarepan
kang wingi dak urungake
awit sikil kaya kesrimpung
tali dawa binggeting panyurung
sida dak dudut jemparing
kang nigas atimu, wong ayu
nalika wengi, linambaran waspa tresna
supaya nora tatu
sida dak dudut ponang curiga
dak gawe ndunding langit atimu
supaya weruh kekarepanku
lan mangerteni pamothah tresna
sida dak dudut
yo mung siji mbaka siji
dak gambar wewayanganmu kanthi ati
bebarengan kumedhule latu
ing udud iki
sida dak dudut, udud
kang wingi gumlethak
ing meja amba
Ponorogo, 16 April 2015

Tidak ada komentar:
Posting Komentar