wus suwe, aku ngetut lakumu, yayi
nalika enjang mapag bagaskara
nganti sore nyawang ombak segara
"endi baeta, sing mbok critakake marang aku?"
kepeksa ing sore iki,
aku ora nata marang pamothahmu
kudu dak tinggal sedhela
awit antariksa mbakal ngudal crita
Jaya Baya utawa Rangga Warsita
lan sedheku aku marang atising ati
"dhuh kakang, apa tangisku bakal biru
apa purnama bakal sigar loro
ing wengi kang bakal teka
sabab aku kelangan baeta," ujarmu
wis ta, yayi,
aku amung ningali keplasing ombak
sabab, kembang sore durung megar
lan edining segara amung critane panyawang
aku tetep nggambar antariksa
ora nulis edining lintang
ing atimu
ananging, kenyaku
baeta ora bakal pecah loro
sanajan purnama kelakon sigar
ing wengi sepi
Ponorogo, 17 April 2015
*) apa atimu isih pradondhi?

Tidak ada komentar:
Posting Komentar